Langsung ke konten utama

Teks Atur Pasrah Temanten

Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.


Katur Panjenenganipun Bapa ...... (ingkang pasrah) ingkang piniji hangembani wuwus, minangka duta saraya saking Panjenenganipun Bapa ...... sakalihan (calon besan) ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan. Kanthi linambaran paminta sih aksama, inggih awit mradapa kaparengipun Bapa ...... sakalihan (ingkang hamengku gati), kula piniji minangka talanging basa, hanampi menggah wosing gati lekasing sedya ingkang luhur saking Panjenenganipun Bapa ...... sakalihan (calon besan), lumantar Panjenenganipun Bapa ...... (ingkang pasrah).

Minangka purwakaning atur, kula ngaturaken sugeng rawuh saha ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dene Panjenengan sampun kapareng rawuh kanthi wilujeng nirbaya nirwikara boten wonten pringga bayaning marga.

Sanget katampi kanthi bingahing manah, atur salam taklim saking Panjenenganipun Bapa ...... (calon besan) lumantar Panjenengan, mugi dhawaha sami-sami.


Wondene pasrah paringipun sarana jejangkeping salaki-rabi, kula tampi kanthi suka bingahing manah, ing salajengipun mangke badhe kula aturaken dhateng ngarsanipun Bapa ...... sakalihan (ingkang hamengku gati). Boten kekilapan Panjenenganipun Bapa ...... sakalihan (ingkang hamengku gati) ngaturaken agenging panuwun menggah sadaya peparingipun Bapa ...... sakalihan (calon besan), pratandha yekti kasoking katresnan dhateng Bapa ...... sakalihan (ingkang hamengku gati). Ingkang punika mugi dadosa sarana raketing kekadangan, sami-sami netepi darmaning asepuh ngentas pitulus putra calon panganten.

Hawit saking punika, bilih sampun dumugi wahyaning mangsakala tumapaking ijab saha panggih, mugi Panjenenganipun Bapa ...... sakalihan (calon besan) wonten suka lilaning panggalih hanjenengi paring pudyastuti murih rahayuning sedya.

Minangka pungkasaning atur, hambok bilih wonten kuciwaning tatakrami anggenipun Bapa ...... sakalihan (ingkang hamengku gati) hanampi rawuh Panjenengan, mugi linuberna samodra pangaksami. Semanten ugi kula minangka talanging basa, wonten gonyak-ganyuking wicara, cawuh kisruhing paramasastra, miwah kirangin subasita, nyuwun gunging pangaksama.

Cekap samanten atur kula, billahi taufikwal hidayah. Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.


Dikutip dari buku 'Panduan Pelaku Utama Upacara Resepsi Pernikahan Adat Jawa' (2018) karya Sarwanto dan Sugeng Nugroho, berikut ini contoh teks atur pasrah temanten.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

BACAAN SELAMATAN BAHASA JAWA

  Assalamu ‘alaikum wr wb. Nuwun keparengo matur wonten ngersanipun poro rawuh sepuh miwah anem sedoyo. Sak derengipun kulo matur mbok bilih wonten kalepatan atur kulo ing sak mangke kulo nyuwun gonging samudro pangarsami. Sumonggo kulo aturi sesarengan muji syukur wonten ngersanipun Gusti Allah ingkang moho kuaos , ingkang paring kanikmatan karahayon dumateng kito sedoyo. Antawisipun nikmat kesarasan, keimanan soho keislaman sehinggo wekdal meniko kulo lan panjenengan sami saget hangrawuhi punopo ingkang dados jawilanipun bopo ………………………….sak kukuban. Bopo…………….sak kukuban Hangaturi rawuh dumateng kulo soho panjenengan sedoyo ingkang sak perlu bade dipun suwuni sawab pandunganipun wilujeng slamet anggenipun bade kagungan hajad………………………………….mugi-mugi Gusti ingkang Hangaryo jagat tansah maringi keslametan karahayon mboten wonten alangan setunggal punopo-punopo. Sholawat soho salam mugi kunjuk atur dumateng Gusti kanjeng Nabi Muhammad SAW, keluargo soho shohabatipun Abu Bakar, Umar, U...

Musyawarah Desa Perencanaan Desa Lubuk Seberuk

Desa Lubuk Seberuk  Telah Melakukan Musyawarah Desa Untuk Perencanaan pembangunan Tahun 2026. Musyawarah Desa Perencanaan Pembangunan Tahunan (Musdes RKP) adalah forum musyawarah tahunan yang diselenggarakan Badan Permusyawaratan Desa (BPD) untuk menyusun Rencana Kerja Pemerintah Desa (RKP Desa) tahunan, khususnya RKP Desa tahun berikutnya. Tujuan musdes ini adalah mengidentifikasi, membahas, dan menyepakati prioritas pembangunan desa, menentukan sasaran yang realistis, serta mengalokasikan sumber daya secara efektif, sehingga pembangunan desa dapat berjalan secara partisipatif, transparan, dan akuntabel. Tujuan Musdes RKP Menyusun RKP Desa: Musdes ini menjadi forum utama untuk menyusun Rencana Kerja Pemerintah Desa (RKP Desa) yang akan menjadi acuan pelaksanaan pembangunan tahun berikutnya.  Mengidentifikasi Prioritas Pembangunan: Masyarakat dan pemerintah desa bersama-sama mengidentifikasi kebutuhan prioritas pembangunan desa, baik fisik maupun non-fisik, yang akan menjadi f...