Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh. Katur Panjenenganipun Bapa ...... (ingkang pasrah) ingkang piniji hangembani wuwus, minangka duta saraya saking Panjenenganipun Bapa ...... sakalihan (calon besan) ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan. Kanthi linambaran paminta sih aksama, inggih awit mradapa kaparengipun Bapa ...... sakalihan (ingkang hamengku gati), kula piniji minangka talanging basa, hanampi menggah wosing gati lekasing sedya ingkang luhur saking Panjenenganipun Bapa ...... sakalihan (calon besan), lumantar Panjenenganipun Bapa ...... (ingkang pasrah). Minangka purwakaning atur, kula ngaturaken sugeng rawuh saha ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dene Panjenengan sampun kapareng rawuh kanthi wilujeng nirbaya nirwikara boten wonten pringga bayaning marga. Sanget katampi kanthi bingahing manah, atur salam taklim saking Panjenenganipun Bapa ...... (calon besan) lumantar Panjenengan, mugi dhawaha sami-sami. Wondene pasrah paringipun sarana jejangk...
Pemerhati Pemberdayaan Desa